WARSIH esuk iku dhewekan ing omah. Pak Dirdjo karo
garwane wiwit wingi tindak Semarang kondangan adine mantu putrane putri.
Dene mas Didiet putrane mbarep bu Dirjo mangkat kuliah esuk-esuk mau.
Warsih
nderek keluargane pak Dirdjo wis rong taun iki. Dheweke kepeksa ninggalake
kutha Wonosari asline, nyambutgawe ing Yogya, abot-abote kepengin nyekolahake
anake wadon siji ben bisa nutugake sekolah sawise tamat SMP mengko. Ora kaya
Warsih dhewe sekolahe mung tekan kelas 1 SMP medhot. Tansah keprungu pesene
bojone sadurunge tinggal donya, nggadang-nggadang anake wadon sabisa-bisane
sekolah saora-orane lulus SMU.
Durung
jam sewelas awan, kabeh gawean ngomah kuwajibane Warsih wis rampungan. Mumpung
lagi dadi “panguwasa tunggal” ing omah loji gedhe iki, dina iku bisa tumindak
apa wae. Nyoba nyetel TV ing ruwang tengah, lagi sedhela bosen. Pindah ing
teras ngarep nggejojor ing kursi males. Meja cilik ing sisihe ana segelas
wedang kopi panas lan sepiring pacitan. Karo ngrungokake radio cilik siaran Radio
Retjo Buntung, mripate melek merem lan lambene comuk-camuk. Ah, pancen laras
temenan. Rasane kaya “nyonya boss besar” wae. Mula pancen enak dadi wong sugih!
“Kula
nuwun. Sugeng siyang, bu!!”
Warsih
kaget, njenggelek. Ngereti-ngerti ana pawongan wanita setengah umur nyedhaki
dheweke.
“Kula
kepareng matur, bu. Kula bade nyuwun tulung…..” ujare wanita mau sawise
dilungguhake Warsih ing kursi teras cedak kursi males. Nitik nyandhang
penganggone wanita sepantaran bu Dirjo mau ngatonake wong kecingkrangan. Raine
pucet kumel ngemu wewayangan urip kebak susah.
“Kersa
penjenengan punapa?” pitakone Warsih karo namatake tas plastik sing dicangking
tamune.
“Kula
badhe nyade kain batik punika, bu……..” ature wanita mau karo ngetokake barang
saka tas sing digawa.
“Wah,
sapunika bapak ibu nembe tindak. Kula piyambakan wonten griya,” wangsulane
Warsih. Dheweke ngira wong wadon iku sawijining sales sing mlebu metu saben
omah nawakake dagangan.
“Kula
betah kaliyan ibu kemawon,” sumaure tamune karo nginguk dalan ngarep omah.
Warsih mbedek tamune iki ngira yen dheweke sing nduwe omah gedhe iku.
“Punika
dipun sade pinten?” pitakone Warsih sawise kain bathik dibukak-bukak kanggo
pantes-pantes. Kain bathik cap-capan kasar dawane paling karotengah meter.
“Seket
ewu, bu. Kain punika taksih enggal!”
“Mosok
kain kasar ngene regane seket ewu. Kala wingi kula tumbas langkung alus mung
selawe ewu.”
“Menawi
mboten kepepet kain punika mboten kula sade. Lare kula sakit. Kula warandha
katilar pejah. Kula betah arta seket ewu rupiah kangge nebus resep obat anak
kula,” ujare wanita mau karo bola-bali nginguk dalan ngarep omah. Warsih
nggregel. Nasibe tamune iku kaya aku wae, batine. Kepeksa golek pangupa jiwa
dhewe merga ditinggal sing lanang mati.
“Nek
seket ewu kok kawisen,” panganyange Warsih.
“Betah
kula ngge tumbas regine obat seket ewu. Menawi ibu saged mbiyantu kula…..”
sumaure tamune karo tolah-toleh mengarep maneh. Lungguhe ketok ora jenjem.
“Kenging
punapa kok sajak bingung. Wonten ingkang ditengga, bu?”
“Mboten….Punika,
lho ……. Tim……. Tim…”
“Tim
punapa?”
“Ah,
mboten, kok….…..” wangsulane tamune lirih sajak keweden.
Krungu
tembung “tim” Warsih banjur kelingan angger ana siaran acara MINTA TOLONG
ing TV RCTI dheweke karo bu Dirjo mesthi nonton. Warsih kaget ing
dhadhane tuwuh pangarep-arep.
“Dos
pundi kersa mundhut kain kula, bu?” ujare tamune ndheseg.
“Sekedhap,
bu……” ujare Warsih. Dheweke menyat ninggalake tamune. Warsih metu tekan lawang
pager noleh ngiwa nengen. Banjur nyedhaki tamune maneh sing isih lungguh
ing teras.
“Nggih
mboten ketingal. Nembe ngetingal sak jam utawi kalih jam mangke…… Menawi
penjenengan kersa mundhut kain nika, sapunika reginipun ……kalih atus ewu!”
“Lho
piye, ta? Durung-durung kok wis mundak tikel papat.”
“Nggih
sampun nek penjenengan mboten kersa. Kalih yuta mawon penjenengan taksih bathi
kathah,” gemremenge tamune karo ringkes-ringkes barange. Warsih niteni ing
acara tv MINTA TOLONG sawise nuku barang sing didol, let sedhela banjur
ana wong sing nyedhaki menehi dhuwit akeh minangka piwalese wong sing wis
gelem tetulung. “Rejeki”, mengkono ujare wong mau sing ora liya salah sijine
“tim”.
“Nggih
kula purun. Dirantos, kula tak mendhet arta rumiyin,” kandhane Warsih
karo mlebu ngomah. Dhuwit blanjane sewulan sing telung dina kepungkur diparingi
bu Dirjo di jupuk separo banjur diwenehake tamune mau.
“Matur
nuwun, bu. Penjenengan nengga kemawon wonten ngajengan. Mangke nek tim
dateng rak lajeng kepanggih. Nggih punika rejekine tiyang sing remen
tetulung kados ibu punika, “ memgkono ujare tamu wadon mau karo pamitan.
Warsih
mung manthuk-manthuk mesem seneng. Kain bathik sing bar dituku rongatus ewu
rupiah mau wis ora digantekake maneh, barang ora mbejaji. Dhuwur-dhuwure
pengaji rongpuluh ewu wis apik!
Warsih
lungguh ing kursi teras. Ing atine thukul pengangen-angen. Mengko nek entuk
dhuwit “rejeki” akeh kaya ing tv kae dhuwit eketan ewon sabengket, apese limang
yuta rupiah! Wah, bisa enggal-enggal nukokake speda Palupi anake wadon, uga jam
tangan sing didama-dama wiwit palupi isih kelas-6 SD. Utange karo lik Sadiyem
limang atus ewu bisa dilunasi. Bisa tuku ali-ali emas limang gram nggo ijole
ali-aline sing wis diedol ndek bojone mlebu panti-usada marga kacilakan. Bisa
tuku busana Muslim sing nganggo renda-renda endah……… Wah, isih akeh maneh
rancangan nanjakake dhuwit limang yuta mau. Kanthi gegambaran kabeh mau
ndadekake raine Warsih bingar, lambene tansah mesem seneng.
Durung
nganti sejam sawise kuwi, Didiet bali saka kuliah. Warsih uga mlebu njero
ngomah. Ngladekake dhahar awan cepet-cepet metu lungguh ing kursi teras. Terus
menyat nyedhak lawang pager noleh ngiwa nengen nyawang dalan gedhe, ora ana
wong mlaku. Bali maneh lungguh kursi ing teras. Bubar mangan Didiet metu ing
teras ngaruh-aruhi Warsih.
“Ana
apa kok sajak kesusu-susu, mbak? Ana sing dienteni?”
”Mboten
kok, mas Didiet…….”
“Ketoke
pikirane mbak Warsih kok ora jenjem. Omonga mbok menawa butuh pitulunganku.”
Karo
mas Didiet Warsih rumangsa wis cedhak, kaya patrape mbakyu-adi. Mula dheweke
waleh nyritakake kabeh kedadeyan mau.
“Ketoke
kowe kapusan, mbak.” ujare Didiet karo nyawang Warsih sing isih ngetokake rai
sumringah bungah.
“Jam
pira kedadeyane, mbak?” pitakone Didiet kiaro isih ngremet-ngremet kain bathik
kasar mau.
“Kalih
jaman, mas” wangsulane Warsih wiwit bingung.
“Aku
tak metu ndisik. Mau baline tamu ngalor apa ngidul?”
Didiet
ngetokake speda motore mlaku mengalor kaya sing dikandhake Warsih. Setengah jam
Didiet wis bali, melas nyawang Warsih sing isih lungguh dheleg-dheleg ing kursi
teras.
“Bu
Harto RT sebelah ya kapusan mbak. Wingenane tanggane kancaku ya diapusi model
kaya iku,” critane Didiet. Warsih sanalika lemes dedes. Dhuwit rong atus
ewu, separo bayare sewulan ilang muspra.
Sorene
pak lan bu Dirjo kondur, Didiet wadul karo bapake.
“Jaman
saiki akeh wong apus-apus. Awake dhewe kudu ngati-ati,” ngendikane pak Dirjo
sabubare dhahar bengi. Warsih sing dikandhani mung tumungkul, mripate mbrebes
mili. “Wong niyate tetulung rak tanpa pamrih. Lha kowe tetulung kagawa kepengin
entuk rejeki limang yuta. Tontonan ing tv kae bisa pancen gambaran lelakon wong
tetulung tanpa pamrih, nanging ya bisa wae diatur kaya sinetron, mung kanggo
hiburan pamirsa. Saiki pancen akeh wong julig. Mumpung akeh wong seneng nonton
acara tv, melu-melu ethok-ethok dadi paraga “minta
tolong”
“Ya
suk mben maneh sing luwih ngati-ati. Dhuwitmu sing kapusan mau mengko ben
diijoli ibu……..”
“Kain
kaya ngene iki sepuluh ewu wae ora payu,” ujare bu Dirjo njereng-njereng kain
batik pengaji rong atus ewu mau karo ngguyu cekikan.
“Matur
sembah nuwun bapak-ibu…….” ature Warsih karo nangis sesenggukan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar